Pembawa acara dalam bahasa Jawa
Perpisahan Sekolah Kelas III
Assalamu’alaikum wr.wb.
Kawula nuwun. Ingkang
kinurmatan Bapak Kepala Sekolah sarta Bapak Ibu guru. Ingkang kinurmatan para
tamu undangan wali murid lan para kanca/ kadang nunggil pawiyatan ingkang kula
tresnani.
Langkung rumiyin sumangga
kita sami ngaturaken puja-puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah Ta’ala,
ingkang sampun kepareng paring kanugrahan arupi kasarasan jasmani lan rohani
sahengga ngantos wekdal punika panjenengan sadaya dalasan kula saged hangrawuhi
undangan wonten ing tata adicara pepisahan siswa kelas III.
Kaping kalihipun mugi-mugi,
salawat salam tansah kunjuk dhumateng kanjeng Nabi Muhammad SAW, sumangga ing
adicara pepisahan siswa kelas III punika kawiwitan kanthi maos Basmalah,
Bismillahirrohmanirrohiim. Mugi-mugi Gusti Allah tetep paring barokah sahengga
lampahing adicara punika saged lumampah kanthi rancag engga paripurna.
Bapak tuwin ibu guru,
kanca-kanca lan para undangan ingkang dahat kinurmatan
kula
ingkang jinejer pinangka pranatacara, keparenga langkung rumiyin badhe
hangaturaken menggah urut reroncening adicara ingkang sampun sinanggit dening
para kadang panitia.
·
Tinarbuka kanthi waosan basmallah sesarengan sampun kaleksanan.
·
Kalajengaken waosan ayat suci Al-Qur’an
·
Adicara salajengipun tanggap wacana saking Ibu Kepala Sekolah
·
Tanggap wacana saking siswa kelas II
·
Lan kasambet tanggap wacana saking siswa kelas III
·
Panutup lan do’a mujudaken reroncening adicara ingkang pungkasan.
Bapak tuwin ibu guru,
kanca-kanca lan para undangan ingkang dahat kinurmatan, mekaten reroncening
tata adicara pepisahan siswa kelas tiga ing siang/ ratri wekdal punika, murih
rancag lampahing adicara ingkang salajengipun inggih punika waosan ayat suci
Al-Qur’an dhumateng kadang _____________ ingkang sampun piniji murih
kaleksananing sedya papan lan wekdal kasumanggakaken.
Assalamualikum Wr.Wr.
ingkang kawulo hormati
poro alim soho poro ulama’ ingkang kito to’ati fatwanipun
ingkang kawulo hormati
poro pini sepuh soho aji sepuh
ingkang kawulo hormati
poro bapa-bapak soho ibu-ibu undangan
Langkung rumiyen,
sumonggo kito panjataken raos pujo dalah puji syukur dumateng ngarsa dalem
Gusti Allah SWT ingkang sampun pinaring pinten-pinten rahmat, taufiq hidayah
soho inyahipun dumateng kito sedoyo sehinggo wonten ing dalu puniko kito saget
makempal ing mriki kanti mboten wonten halangan setunggal punopo.
sholawat dalah salam
mugio tansah kunjuk dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW. engkang
mbeto umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah engkang kito
raosaken sak meniko. Mugio kito kalebet tiang engkang angsal syafa’at ipun
mbenjang wonten ing yaumul kiyamah…amin.
wonten mriki kuwulo
minegkani pranoto hadicoro badhe maosaken susunan acoro wonten ing dalu puniko
1. pembukaan
2.waosan ayat-ayat suci
alqur’an
3. sambutan
4. do’a
5. penutup
langsung kemawon kito
pinuju dumateng
1.
hadicoro engkang
sepindah enggeh puniko pembukaan, monggo acoro wonten dalu puniko kito wiwiti
kanthi wosan ummul kitab, ‘ala hadiniyyah assholihah alfatihah
2.
kito lajengaken hadicoro
engkang kaping kaleh enggeh puniko waosan-ayat-ayat suci al-Qur’an dumateng
panjenenganipun bapak fathhurrohman kawulo sumanggaaken……………………. mekaten kolo
wau waosan ayat-ayat suci al-Qur’an mugio saget nambah lancaripun acoro wonten
ing dalu puniko.
3.
hadicoro engkang kaping
tigo enggeh puniko sambutan, dumateng panjenenganipun bapak meseri kulo
sumanggaaken………………………..mekaten kolo wau sambutan saking bapak meseri.
4.
dipun lajengaken
hadicoro engkang kaping sekawan enggeh puniko do’a dumateng bapak KH. Sunarto
kulo sumanggaaken.
5.
acoro engkang terakhir
inggih puniko penutup, monggo acoro ing dalu puniko kito tutup kanthi
waosan hamdalah….. mekaten saking kawulo menawi wonten atur engkang kirang
mranani dumateng penggaleh panjenengan sedoyo kulo nyuwun agungin pangapunten.
wakhiron
Tidak ada komentar:
Posting Komentar