Kamis, 24 Oktober 2013

contoh pengalaman pribadi dalam bahasa jawa

Wisata Ing WBL

Ing sekolahku ngadaake program wisata ing WBL  Jawa Timur. Kelas 6 Wajib melu program wisata iki. Aku lan konco-koncoku ngumpul ing sekolahan jam 20.30 bengi. Aku mangkat jam 21.00.
Ing sekolahanku cukup nhediake bis siji. Aku negenteni bis teka terus aku lan konco-koncoku numpak bis secara gantenan. Ning perjalanan aku mangan karo kanca-kancaku lan nyai-nyai, rasane seneng banget.
Watara jam 04.30 aku tekan masjid Sunan Bonang, aku lan kanca-kancaku ados disek ben awake resek. Sakwise adus aku lan konca-kancaku sholat bareng-bareng ing masjid iku.
Sakwise kui aku lan kanca-kancaku numpak becak, tujuane ameh ing makam sunan boning. Ing kono aku lan kanca-kancaku berdoa bareng-bareng. Aku lan bapak ibu guru istirahat sedelok ing wit-witan. Aku lan kanca-kancaku foto bareng ing taman Sunan Bonang.
Sakwise foto-foto aku lan kku nglanjutake perjalanan ing WBL. Ing njero bis aku lan kanca-kancaku weroh pemandanganan indah. Sakdurunge mlebu ing wisata WBL aku lan kanca-kancaku sarapan esuk ing restoran Adi Putra Jawa Timur. Sakwise sarapan aku lan bapak ibu guru tuku tiket masuk ing WBL. AKu lan kanca-kancaku dolanan banyu ing wahana air. Aku lan kanca-kancaku nonton bioskop 3 dimensi bikin gokil lan seru banget. Sakwise kuwi Aku lan kanca-kancaku wroh istana kucing sing lucu banget. Aku lan kanca-kancaku tuku ngombe soale ngorong banget.
Aku lan kanca-kancaku renang ing kolam renang lan seluncuran ning kolam renang. Dina wis rodok sore Aku lan kanca-kancaku mentas lan banjur ados secara gentian. Sakwise bar ados aku nganggo klambi terus Aku lan kanca-kancaku diajak bapak ibu guru dolanan jaran-jaranan lan tembak-tembakan.
Sakwise kuwi Aku lan kanca-kancaku blonja ing WBL, yaiku tuku kaos sing regane Rp. 25.000 lan tuku siwalan sing regane Rp. 10.000 intuk 4 buah. Aku lan kanca-kancaku saling nawarke barang ben intuk murah. Saklanjute Aku lan kanca-kancaku numpak bis lan tuku-tuku ing pusat ole-oleh.
Watara jam 10.30 Aku lan kanca-kancaku sholat jama’ah magrib ing masjid cedak restoran Wahyu Utomo. Aku ora maem amarga wetengku loro terus Aku lan kanca-kancaku mlaku-mlaku ing sekiotar bis.
Sakwise bar mangan Aku lan kanca-kancaku ing bis lan linggeh anteng ambek mangan jajanan. Ing njera bis sirahku rodok ngelu banget lan akhire aku dikei minyak kayu putih. Sakwise kuwi aku turu ambek ngrunguangake music sing enak dirungaake.
Ing tengah perjalanan bis’e mandek sedelok amrga meh istirahat, terus nglanjutake perjalanan meneh. Kabeh kanca-kancku do pado turu lan akhire aku melu-melu turu. Jam 01.00 tenga wengi tekan kudus. Akhire ning omah jam 01.30 bengi. Sakwise kuwi aku turu sampek esuk.

Wisata Ing Surabaya


Wektu aku kelas 6 SD lungo WBL. Pertama aku dhesik menuju ing Kadilangu, Demak Jawa Tengah. Wektu jam 03.00 wektu kulon pas-pasan wengi banget aku, guru lan kanca-kancaku padha dhunga lan maca tahlil banjur wes bar bis sekolahku mlaku ing rumah makan ing lamongan. Menu-menune enak banget menawa wis padha luwih banjur wetenge kanca-kancaku warek. Jam 06.00 bis ku mlaju ing WBL (Wahana Bahasri lamongan) yaiku ing Surabaya.
Padha wis tekan ing papan panggonan kuwi, banjur kanca-kancaku la aku padha pencar karepe dhewe-dhewe. Wektu isih ing WBL ana patung yuyu gedhe banget, aku, guru lan kanca-kancaku padha pepothoan ing kono. Pertama, aku mlebu ing WBL. Aku nyuba permainan kapal loro sing medeni banget. Aku lan kanca-kancaku padha ora reti nak permainan iku awake dijempalike kayaka jambu methe. Menawa wis nyuba wahana kuwi pas dijempalike kanca-kancaku padha jerit histeris karepe dewe, Aku meneng wae lan dunga. Aku, Kepala sekolah, lan kanca-kancaku nyuba permainan dunia kaca. Kayata ing njerone sing nyuba digawe bingung soale ing kono peteng banget. Mlaku ing ngalor ana kaca ning kidulono kaca lan ngulon uga ana kaca. Aku lan kanca-kancaku bingung piye carane iso metu soko kono. Salah sijine kancaku sing iso nemuke dalan metu. Aku lan guru uga kancaku banjur metu ing permainan kanca iku. Akeh permainan ing WBL wis aku nyuba.
Wektu aku lan kanca-kancaku mlaku ing Gua Akbar. Ing gua iku peteng banget nanging ana lampu sing gunane kanga nerangi sekitare wisata sing dhelok ing njero gua iku. Banyune ing kono ngalir lan bening. Ing Dhuwur goa ana wong kang dodol akeh, banjur wis ing goa Akbar, aku tuku ole-oleh jajanan khas surbaya ing kono. Siwalan jajanan khas Tuban. Aku tuku Rp. 20.000 lan cemilan kayak krupuk Rp. 30.000 banjur aku tuku manisan Rp. 10.000 uga aku tuku dodol coklat Rp. 10.000. Aku seneng banget rekreasi ing panggonan kuwi.



Tamasya Menyang Agro Wisata

Preinan semester kepungkur, sekolahanku nganakake tamasya ing Agro Wisata. Agro iku dununge ana ing Malang, Jawa siseh wetan. Sadurunge teka ing Agro Wisata, aku sakanca mbayangake warna-warna kang tuwuh ing pangangen-angen, kaya napa panggonane, kepriye kanganane , apa wujude, lan liya-liyane. Tuwuhe kaya pitakon-pitakon nmengkana iku amarga aku sekanca during natih ngerti maksude, wujude, lan ing ngendi papane sing kanggo agro wisata.
Tenan, wetara jam 10.00 isok, aku tekan papan objek kang dak angen-angen. Aku lan kanca-kancaku banjur mlebu ing kana. Kabeh katon seneng. Dasar papane jembar, resik ketambahan wit-witan kang ning semakke.
Sing padha disenengi nyawang wit apel kang akeh uwohe. Rupane katon abang branang. Saya maneh ing Agro Wisata iku yen mung arep mangan apel wae dibebaske.
Aku lan kanca-kanca bungah, mlayu ngalor, ngetan, ngulon, sapiturute.
Wis pokoke seneng tumplek blek ngati lali sembarang. Kadang kala aku lan sakanca pancen rumangsa gumun, nyawang kaanan ing kana. Ing atase wit apel kang duwure uda kara 2, 5 m, lho kok wis uwoh. Sing manalagi katon kuning resik mecuti.
Kaya mengkana uga dialami kanca-kanca. Malah Pak guru lan Ibu guru uga katon gumun lan seneng.
Dasar ning omah iya gak ana, mula sakanca ing kana uga mangan kanthi sapuase.
Ora krasa yen wektu iki wis jam 14.00 awan. Bapak guru menehi aba-aba enggal kumpul ing bis sing ditumpaki dhewe-dhewe.
Senajan katon abot ninggalake Agro Wisata, aku lan kanca-kanaca trek sendiko dawuh.
Kanggo ngurangi rasa abote, kanca-kanca akeh sing gawa apel. Niate gandeng wis warek, arep digawa kanga oleh-oleh keluargane.

Tamat




Gobang Sodor

Sore loro tahun kepungkur, Aku lan kanc-kancaku padha kumpul ing lapangan badminton, yaiku aku lan sakancaku karepe ya mung arep gegojegkan bae, dumadakan aku lan sakancaku, banjur dolanan ketimbang mung padha lungguhan, ayo padha dolanan Gobang Sodor.
Kanca-kancaku mung mangsuli, ya manthuk-manthuk aku lan kancaku mung ana pira gesek.
Aku ngitung-ngtung kancaku psing padha kumpul, kabehe cacahe wolu.
Kanca-kancaku banjur padha ngumpul dadi loro kelompok, saben kelompok papat. Kelompok siji yaiku, aku lan kanca-kancaku, kelompoke mung ana loro yaiku aku lan kancaku.
Kelompok siji lan loro banjur gung pingsut, sing menang kelopoke aku, kelompok kancaku sing jaga, kelompokku sing main.
Kelompok siji banjur. Nata panggonan kancaku jaga ana baris ngarep. Aku ana baris kaloro. Kancaku ana baris katelu. Aku ana baris kapapat.
Kelompok sing jaga padha dhuwe karep bisa demek. Utowo nyekel kelompok sing lagi main.
Kelompokku padha endalan ganti-ganti olehe mlebu ing ke demek utawa ke cekel. Aku nalika arep mlebu ora ngelegawe menawa awake rada nyedak aku, aku mung isa cepet-cepet demek kancaku, kelompokku kalah ganti kancaku  sing menang. Kelompokku mau mung ganti dadi sing jaga, kelompokku sing mau jaga ganti dadi sing mau.
Dolanan sore iku rame lan nyenengake ora bisa krasa wektune isa ganti bengi. Bocah-bocah banjur padha bubar, muleh menyang omahe dhewe-dhewe. Gobang Sodor. Sore mung itungane sri amarga padha-padha oleh siji mula liya wektu arep diterusake mandhak wis adzan maghrib.

Pengalamanku Munggah Gunung Bromo
Rombongan dumadi soko guru SD budhale wayah bengi tekan malam wancine wayah esok tekan hotel ing kuta Batu. Rombangan ngaso sedelok bubar dhahar awan nuli puter-puter menyang kebon apel sengakali lan selekta. Marem puter-puter romobngan nuli bali menyang hotel. Kepala rombongan pak Untung Sugiyarto ngendika menawa jam lara bengi bakal dibacutake munggah menyang gunung Bromo.
Jam lara bengi rombongan numpak colt L-300 anyar gress mangkat nuju menyang gunung Bromo. Tekan terminal penanjakan papan ndelok mentune srengenge colt mandek aku mudhun gawa adem ditambah udan deres nambahi sikilku nggomplok gemeter lan kudu ambruk. Senajan loyo aku nyuba mlaku munggah bareng kanca-kanca menuju penanjakan ndalane peteng lan lunyu kanggo madange ndalan kanca-kanca padha madengke lampu senter. Aku bola-bali mandeg nalika arep ndodok ngumpulake tenaga ujug-ujug tanganku ana sing nyandak sawenehe nom-noman lanang rambute nggondrong bareng dituntun nom-noman wau tengaku pulih. Lakuku mbanter kepara bisa nututi kanca-kancaku kang wis diseki. Tekan pos penanjakan wis akeh banget wisatawan nunggu mentune sang bagas kara suwasana adem lan peteng dedet.
Saka pananjakan aku lan rombongan numpak colt L3000 warna putih nuju puncak bromo. Rombonganku mangkate keri marga aku kudu ladeni protete kanca-kanca laku motor ngeblas mudhun mbanter mbanget tekan segara wedi ing garis tengahe jare papat kilometer. Puluhan mobil jip lan colt balapan kaya lagi reli ing segara wedi.
Tekan papan parkir kabeh mudhun seperlu munggah neruske puncak Bromo, marga tenagaku enteng aku nolak ditawani numpak njaran. Kanca-kancaku pating njaluk potret ana sing ngawe-ngawe ana tlundakan, malah ana sing tekan puncak. Ana sing difoto pas numpak njaran. Aku kontrang-kantring ladeni penjaluke kanca-kanca marga kesel napasku megap-megap. Mbanyu uga ora gawa sikelku nggomplok  nalika munggah nuju undak-undakan sing cacahe atusan mau. Marga kanca-kanca dienteni difooto, ana sing undhak-undhakan, ana sing ana ereng-ereng lan akeh sing ana ing puncak. Ngawe aku numpak njaran bayar Rp. 5.000.
Mudhun seka njaran aku lungguh ngaso ana ning undhak-undhakan ngisor. Dadaku sesek napasku megap-megap. Dadaku muni ngik ngok sengsara tenan nalika lagi nahan sesek mau nom-noman kang mitulungi ana penanjakan wis ana ning ngarepku panggone ajeg. Nom-noman mau mesem karo  ngulungake mbotol aQua cilik. Tanpa omong apa-apa mbayu tak umbe. Nanging rasane legi mbanget campur kecut.  Bubar ngombek mbayu mau napasku enteng. Kekutanku pulih aku munggah dituntun nom-noman mau. Nom-noman iku rupane persis kaya Rudi adiku sing wis mati sewelas tahun kepungkur marga lara tepes sawise kemah ning Pantai Ayah.
Sawise ngaso, nyawang keindahan puncak Bromo, kau mudhun karo nggoleki nom-noman mau sing persis adiku mau. Nangin ora ketemu. Mbareng numpak njaran aku weroh nom-noman mau lagi ngadek ana ning undhak-undahakan karpo mesem. Mbareng tak tinggal noleh sedelok nom-noman mau wis ora ana. Atiku malah keranta-ranta. Sakdawane mudhun aku mbrebes mili. Kedadhan iki tak simpen suwe kanca-kancaku ora ana reti. Nom-noman mau Sapa?. Apa rohe adikku, mbuh malaikat, sing diutus Gusti Allah nulungi singsaraku nalika munggah puncak gunung Bromo. Aku bola-bali ucap syukur marang Gusti Allah sing maringi kekutaan nganti aku tekan omah. Kanthi slamet lan sehat.




Wedhus dhangdhut
                                                                                                                                                                                                                                                                                   Manawa kelingan kedadean iki aku kudu ngguyu dhewe. Tanggal sasi lan taune aku pancen lali. Nanging dinane isih eleng. Yaiku minggu paing ing tlatah boyo lali, ana pasar kewan, pase ning pasar sunggingan kang bukane mung menawa dino pasaran paing ing pasar kono ora mung bangsane raja kayo wae sing dienggo dol tinuku; nanging uga ana jam  tangan, piranti tenane, lan piranti bale soamah. Apa maneh sing jenenge bakul jamu, mesti ora tau absen ngamekake kaanan kang pancen rame banget.
Kacarito ana bakul jamu sing gunakake keyboard (kaya bangsane piano) kanggo sarana  narik kewigatane sing padha arep tuku. Bakul jamu mau ajeg nyetel lagu dangdhut kecopo, ana wedhus kang dicancang ing cedhake ing bakul jamu mau. Sajake wedhus mau ngematake lagu-lagu dangdhut kang disetel bakul jamu mau. Ing endhae ajeg gela-gelo. Anae, yen lagu dangdhut seko alat keyboard mau meneh, si wedhus uga anteng, ora gela-gelo gene musike main meneh endhase gela-gelo meneh aku sing nggatehekake polahe wedhus kawit mau ora bisa nahan guyu. Kancaku nunggal blantik ndak werohi uga melu guyu kepingkel-pingkel.
Ora antara suwe pak Sastro sing  kagungan wedhus iku kang panggawehane pancen blantik, nyandek wedhus kang lagi “Asik berjoget ria”. Mbok menawa karepe pak Sastro arep dipindah panggonan utawa ditawakake wong. Ngono kuwi si wedhus sajak owel, ora gelem dijak ngalih sakwetara iku si bakul jamu terus mainake alat keyboard. Pak Sastro kang nesu banjur ngert wedhuse kanthi kenceng. Nanging dheweke malan disundang nganthi tiba langsaran. Bereng wis nyundang, si wedhus bali gela-gelo meneh kaya mau.
Lo, janjane si wedhus lagi “menghayati” music dangdhut to? Mulane ojo diganggu to pak Sastro!.



Tukang Becak Apikan
Sewulan kepungkur, kang iman Brotoseno sak kanca padha dolan ing Solo. Angkahe, padha pingen pangarteni kahanan pagariyan imlek sedhulur-sedhulur tiongha sak Solo ing klenteng Avalokitecwara, sekidule pasar Gedhe apesan kang Iman kelalen. Monopote ketinggalan ana ning becak sing dhereke ake dheweke menyang warung sate Tambak Segaran, sak kidule pasar legi.
Dasare priyayi wisuwur, luhur budhi lan jebar penggalihane, sanajan barang kang pinggunane kanggo godokake kamera Nikon D1X iku biso bae ilang, dheweke ora ngatonake rasa getune babar pisan (mbok menawa pancen wis akeh duwit dolare, dadi biso mundhut maneh sing luwih apik he he he….). Aku matur marang kang Iman kaya mengkene : ojo kuatir, kang yen tukang becake iku mangkale ana ngarep hotel aku yakin bakale dibalikake priyayine nyuciol ayem. Aku rumangsa tentrem.
Rampung nyate, sekanca banjur neruske mlaku menyang pasar Gedhe, nyesiksini kahanan kang wis bedho. Atiku seneng, wong-wong Tiongha wis ora delikan maneh anggone padha gonakake imlekan kaya rikalo pak Harto isek kuasa dak sia marang sepadha. Kang Iman, Anto, lan Aku padha biyayakan nggolek panggonan kanggo nginceng. Asik!
Wetara rong jam aku ngancani Iman sekanca, banjur nerusake mlaku ritual wedangan ana panggonane kemen ing sadedake monumen Press. Soko kono, banjur padha soko kundur hotel seperlu nyalehake awak kang wis kesel amarga begijegan ing pasar Gedhe. Aku disike mlaku menyang hotel Jayakarta, papan nginepe kanca-kanca ana sak kiwone stasion Balapan.
Rindhik asu dighitek, aku mbludhus ana papan penampi tamu alias resepsionis. “ Pak, menapa kolo wau wonten titipan barang ingkang ketinggalan ing becak?”. Pitakonku.
“ Inggih’ mas wesi bunder, inggih?” Jawabe bapak-bapak kang jaga hotel kanthi gathukake menapa ijab (yen ora kliru). Velbon. Aku manggut manggut, ngaturake panuwun marang bapak-bapak petugas hotel. Aku banjur gage-gage metu, ing pangakah arep nggoleki tukangbecak kang wis derekake kang Iman. Sepi nyenyet ora ana sopo-sopo tingak-tinguk sawetara, aku malah ditawani ojek dikira sak jerone ati, aku seneng. Tukang Becak kang jujur kaya mengkana iku banget migunani tumrap kemajuane kuto Solo. Aku uga yakin, kang Iman bakal crito marang sopo bae bab ilange monopot iku.
Muga-muga kabeh Tukang Becak, sopir taksi lan masyarakat Solo kayak mengkona kabecikane.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar